Assalamu’alaikum Warahmatullahi
Wabarakatuh.
Ingkang kinurmatan Bapak Lurah.
Ingkang kinurmatan bapak Ketua
Rt.
Ingkang kinurmatan bapak Kyai
Mansur.
Poro hadirin sedoyo ingkang
kawulo hormati.
Kawulo aturaken matur nuwun
sanget kagem bapak / ibu sedoyo ingkang sampun menehi kesempatan kagem kawulo
kangge nyambut acara meniko wonten ing Isra’ mi’ra nabi agung Muhammad saw.
Saderengipun monggo kito sedoyo ngucapaken puji syukur dhumateng gusti Allah
swt, sebab kanti nikmat lan rahmatipun kito sedoyo saget makempal wonten ing
mriki, sehingga wonteng ing ndalu niki kito tanda diwenehi kesehatan jasmanu
ugi rohani kagem ngringoaken ceramah agama kagem santapan rohani wontening
acara Isro lan mi’roj nabi agung Muhammad saw.
Salajengipun, kulo aturaken
matur nuwun ingkang seagengipun dumating sedoyo poro rawuh lan tamu undangan
ingkang sampun kanti ikhlas nglonggaraken wektunipun kagem nggolet ilmu lan
ngrungoake ceramah agama ingkan sekedap malih bade dipun sampeaken dening Bpk
Kyai Mansyur.
Poro hadirin ingkang minulyo,
kito umat islam sampun sa’wajare mangertos dumateng junjungan nabi kito nabi
Agung Muhammad saw, sedoyo meniko namung kagem ningkataken iman lan takwa kito
dhumateng Allah swt. Semoho ugi kita saged luwih ngedekaken kito dhumateng
Allah swt, lan saget nglakoaken sedoyo perintahipun lan ngedoih sedoyo ingkang
dado larangan-laranganipun Allah swt.
Kawulo atas nami Ketua Panitia
peringatan Isro lan mi’job, ngarep-arep mugi-mugi ilmu pengetahuan agama kito
khususipun masalah isro lan mi’jor meniko bener-bener dipun gateaken dening
poro rawuh sedoyo, lan salajengipun saget dipun amalaken miturut tuntunan
ingkang sampun diajaraken dening Allah swt kagem kito sedoyo umat islam.
Khususipun kagem Bapak Kyai
Mansyur kawulo aturaken matur nuwun ingkang sanget kagem keikhlasanipun wonten
ing ngaturaken babagan agama kagem kito sedoyo wonten ing ndalu puniko,
mugimugi amalipun saged dipun tampi dening Allah swt lan dipun paringi ganjaran
ingkang lipet. Amiin.
Wa billahitaufiq walhidayah,
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
0 Comments